Sayektosipun,
basa Jawi menika
mboten saged dipun pisahaken saking kabudayan Jawi saha perkawis panggula wenthah
utawi pendidikan. Awit kesenian
Jawi utawi wayang kulit menika mujudaken piranti panggulawenthah
saha dados wahananipun kabudayan jawi.
Kabudayaning
manungsa mboten saged kapisahaken kaliyan basanipun. Jalaran basa menika
mujudaken babagan
ingkang tumut nemtokaken wontenipun kabudayan. Tanpa basa mesthi mboten badhe
wonten kabudayan.
Semanten
ugi, seserepan utawi pangertosan bab budaya wau namung saged dipun udi sarana ngupadi saha saged lestantun lantaran panggula wenthah.
Kejawi punika, ngrembakakaken budaya Jawi/kesenian jawi/wayang kulit badhe tumut nyengkuyung hamangun watak tuwin karakter bangsa,
saha mujudaken jati
dhiri bangsa Indonesia.***) Widodo Anwari, S.Sos