Wonten ing
Pengetan Ambal Warsa Kota Mungkid ingkang kaping 35 wanci menika kanthi tema “Bekerja dengan Cinta Untuk
Indonesia menuju Bahagia dan Sejahtera”, tema menika mujudaken wekdal ingkang trep
kangge mirsani sesarengan dhateng prestasi, saha kridha
ingkang kagayuh tumrap warga bebrayan lan masyarakat Kabupaten Magelang, wiwit
kula lan Bapa Edi Cahyana, SE dipun kukuhaken minangka
Bupati lan Wakil Bupati Magelang periode 2019-2024, dening Gubernur Jawa Tengah, Bapa Ganjar Pranowo
wonteng Semarang.
Sedaya kasiling
kridha kalawau mugi mboten dados gung dhiri
nanging kosok wangsulipun kepara
mugi dadosaken pamecut tumrap sengkut gumregutipun makarya
ngembat saha ngemban dhateng amanat masyarakat bebrayan ing Kabupaten Magelang.
Mila ing
kalodhangan ingkang bagya mulya menika kula nggadhahi pangajab miwah penyengkuyung, sumangga
sami makarya
sesarengan sedaya jajaran Pamarintah
Kabupaten Magelang, Instansi sarta Lembaga Vertikal, Instansi Swasta, TNI/Polri
lan sedaya Komponen sanesipun ingkang wonten salebeting masyarakat, supados
nglajengaken program-program pembangunan ingkang sampun lumampah murih Visi
sarta Misi Kabupaten Magelang, kadi dene
ingkang dipun ajab sesarengan saget
kasembadan.
Babagan menika karaos wigati,
karana sedaya menika mbetahaken gumolonging pemanggih
lan tekad saking sedaya komponen, kangge ngadhepi
tantangan ingkang saya kathah lan awrat ing warsa-warsa ingkang badhe dhateng.
1. Opini BPK “Wajar Tanpa Pengecualian”;
2. Kabupaten/Kota Peduli Hak Asasi Manusia saking Kementerian Hukum dan HAM;
3. Kabupaten Layak Anak Kategori Madya saking Kementerian
Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak;
4. Anugerah Parahita Ekapraya Kategori Madya saking Kementerian
Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak;
5. Inisisiasi Pelaksanaan Model Kampung Anak Sejahtera (KAS) saking Kementerian Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak;
6. Predikat “Pasar Tertib Ukur” saking Kementerian Perdagangan mirunggan Pasar Grabag dalah Pasar Talun;
7. Unit Penyelenggara Pelayanan Publik dengan kategori “Baik Dengan
Catatan” Tahun 2018 saking Kementerian
Pendayagunaan Aparatur Negara dan Reformasi Birokrasi;
8. Program Kampung Iklim Utama Tingkat Nasional kepada Pemerintah
Kabupaten Magelang untuk Desa Wonosari Kecamatan Kajoran lan Desa Tamanagung Kecamatan Muntilan saking Kementrian Lingkungan
Hidup;
9. Anugerah Bunda PAUD Tingkat Nasional;
10.
Ugi pangaji aji utawi penghargaan minangka Pembina BUMD,
Bapas 69, PDAM miwah PD BPR BKK ing kategori:
11.
Penganugerahan BPBD Kabupaten/Kota Tahun 2018, Terbaik II Tingkat
BPBD Kabupaten/Kota Wilayah Barat;
12.
TOP 10 Kompetisi Inovasi Pelayanan Publik Tingkat Provinsi Jawa
tengah Tahun 2018;
13.
Piagam Penghargaan sebagai Juara III Penilaian Jaringan
Dokumentasi dan Informasi Hukum Kabupaten/Kota Tingkat Provinsi Jawa Tengah
Tahun 2018;
14. Keterbukaan
Informasi Publik /KIP Award dalam kategori Badan Publik Cukup Informatif Tahun
2018, sarta
pangaji aji sanesipun kadi ingkang sinerat ing buku III LKPJ. ***) Widodo Anwari, S.Sos